Gumedhe Gawa Cilaka
Ing salah
sawijining dina, ana kodok sing lagi jalan-jalan ing alas nggoleti panganan.
Sawektu kuwi, pase awan-awan sepi ora ana sapa-sapa. Sing ana manuk-manuk pada
mabur. Ing tengah dalan, Kodok kuwi ngrasa ana cairan ing sirahe. Ditiliki
jebule tai manuk sing mabur ing salah sawijine manuk miki yakue Elang. Kodok
banjur nyeluk Elang kuwi lan Elang kuwi langsung mandeg.
“ Heh ora perlu nganggo kaya kiye.
Elang, aja ngising sembarangan ya” jere Kodok
“ Loh ngapa ? masalah nggo kowe ! “omonge Elang
nantang
“ Ya ora papa sih, nanging angger arep
ngising ndeleng-ndeleng dhisit ana sing neng ngisore apa ora !” Kodok esih sabar
“ Terus inyong kudu ngurusi kaya kuwe ? ora mbok
!” ngledek Kodok.
“ Ora olih kaya kuwe, kowe kudu njajal
ngregani sing liyane !”
njajal ngomongi Elang
“ Ngapurane lah, inyong kan hebat bisa
mabur ora kaya kowe bisane neng ngisor ! Wis mlakune alon maning ! “jere Elang
sombong.
“ Sanadyan kowe bisa mabur, kowe kudu
tetep ngregani sing liyane ! “, Kodok
ngomongi Elang kanthi sabar
“
Wis lah inyong kesel ngomong karo kowe, ora ana gunane ! sip ya sip
“
jere Elang wis bebeh
ngomong karo Kodok”
Elang kuwi mabur
maning karo ngguyoni lan ngledeki kodok. Nanging Kodok ora nesu, digemuyuni lan
diledeki Elan. Sawentara kuwi, ana Pitik sing lagi ngombe neng blumbang krungu
suara brisik lan langsung marani Kodok.
“ Ana apa Kodok ? ketone rame temen ? “ takone
Pitik penasaran.
“ Ora ana apa-apa, Elang kae mau ngising
sembarangan dadi kena ndase inyong” Njelasna masalah karo Elang.
“ Oh....ndi Elange ? sembarangan banget
koh ! Ngeneh tak domeihna” jere Pitik ora trima Kodok dikaya kuwekna.
“
Wis lah ora usah ! Wis ora ana gunane ! “genengaken Pitik
“
Melasi temen koh, mlumpat-mlumpat mesti kesel ya kan ? Mulane mabur kaya
inyong kie “ngalak-ngalakna Kodok.
“ Inyong ora papa koh ! Senadyan ora
secepet kowe sing penting inyong esih bisa mlaku. “Jere Kodok mandan kesuh.
“ Ngomong bae ora bisa mabur, sok
gawe-gawe alesan maning ! “ngledeki Kodok.
“ Elang kuwi mabur karo tetep terus
ngledeki Kodok nganti Elang ora ngerti neng ngarep ana wit sing gedhe.
“
Awasssssss.............Elang ana wit neng ngarep ! “ngomongi Elang
“
Aaaaaaaaa............ah.........ah .........!!!! “Elang njerit.
DERRRRRRRRRRRRR...........JEBREEEEETTTTT.............DEERRRRRR
BUGGGGG !!! Elang tiba nabrak wit.
Elang kuwi
nabrak wit gedhe mau lan nyemplung blumbang sing ana nang ngisore. Saking
serune suara nyemplung. Pitik sing lagi ngombe neng blumbang liyane banjur
marani maning.
“ Ana apa maning ? ketone brisik temen
suarane nganti gutul nganah koh, Si Pitik penasaran.
“ Elang sing mau kae, nabrak wit lan
nyemplung blumbang. Mayuh ditulungi omonge Kodok, ngajak Pitik nulungi Elang.
“ Mampuss kuwe, salahe wis gumedhe sih !
“ Pitik seneng banget
ndeleng Elang tiba.
“ Aja kaya kuwe, kaya kae ya tetep
batire dewek”,
jere Kodok ngomongi Pitik.
“ Ah....moh lah Elang kan wis gumedhe
maring kowe”, jere
Pitik mbelani Kodok.
“ Ya senadyan kaya kuwe, nanging dewek
aja mbales karo sikap elek ! Ngomongi Pitik.
“ Ya wis lah...inyong tulungi ! “Si
Pitik manut.
“ Lah kaya kuwe toli ! omonge Kodok
seneng”
Kodok lan Pitik
langsung nulungi Elang bareng-bareng. Sawise ditulungi Elang banjur matur nuwun
lan pangapura maring Kodok
“ Kodok, inyong matur nuwun ya, kowe wis
nulungi inyong lan inyong njaluk pangapura wis ngising sembarangan lan gumedhe
maring kowe”, omonge Elang wis sadar
“ Ya lah wis ora papa, sing penting aja
dibaleni maning !”,
jere Kodok karo mesem.
“ Kuwe rungokna Elang !! “,omonge Pitik karo emosi.
“ Ya....sepisan maning matur nuwun ya ! “, Elang ngrasa rikuh
Elang, Kodok lan
Pitik banjur salaman njaluk pangapura. Banjur
Elang mabur maning, Kodok lan Pitik nggolet pangan maning. Alas kuwi dadi sepi
maning.
Karya Aji Triono
TAMAT...........
Tidak ada komentar:
Posting Komentar